Kenangan

Sesungguhnya 
Seberkas kenangan indah saat bersamamu
Yang kulaluli dulu dengan bahagia bersamamu
Itulah yang kuinginkan saat ini
Ingin kuulang memori indah dulu
Ingin kuputar kembali alunan nada yang dulu
Ingin kututup kesalahanku yang pernah kulakukan padamu
Namun , apakah kau menyadari ini ?
Bahwa kehadiranmu masih kuinginkan saat ini 
Kau yang membuatku mengerti 
Bagaimana rasa merindukan dan bagaimana rasanya dirindukan
Entah apa yang kupikirkan ini mungkin hanya kau anggap sebagai angin lalumu
Aku tak peduli apapun itu 
Tetap satu inginku, tetap satu mimpiku
Ku ingin selalu bersamamu , bahagia bersamamu , dan menjadikanmu seorang wanita yang kubanggakan dalam hidupku 
Seseorang yang ingin kusebut sebagai "istriku".

Sing garai tambah kangen nang mantan

Sing garai tambah kangen nang mantan

Saiki awakdewe yo gaiso mungkiri maneh beh, lek awakdewe kadang iku iling masa masa pas karo mantan. Dan lek pas iling kadang awakdewe yo pengen baleni masa masa iku. Hal-hal sing garai iling mantan yoiku :
1. Mangan ndek lokasi sing asaib gawe mangan bareng mantan.
Situasi iki sing awal awal biasane dikangenno nang mantan. Mergo biyen gelek mangan bareng ndek cafe sing wes didadekno nggen qtime.
2. Ndelok udan deres dek njeruh omah.
Lek pas udan deres moro iling mantan. Biasane udan-udan an bareng . Terus ngiyup bareng , tuku sempol , lan ngopi bareng.
3. Delok arek liyo karo cemewe e mlaku bareng
Situasi iki sing paling gaiso dihindari,beh. Soal e ben delok arek liyo gandengan karo cemewew e mesti pikiran langsung nang mantan.

Tapi tenang ae,beh. Kabeh iku tergantung niat e. Lek umak pingin lali karo mantan diawali teko niat e disek, lek wes niat, terus hindarono hal-hal di dukur iku.
Okewes sekian hal-hal sing tak sampekno , ojok bosen moco terus. Sasaji!

Cinta

Kadang cinta iku ibarat e koyok gulo karo kopi , lek ganok gulo ipok e kadit legi , lek onok gulo e ganok ipok e lak maleh koyok banyu gulo. Cinta kadang ngono , saling melengkapi jarene arek sd jaman saiki. Tapi nyatane lek misal e awakewed dikongkon ngerti cinta iku opo kadang awakewed iki bingung , mboh iku bingung gara gara bojone uwong ta opo ngono. Kadit usah bingung , ayo podo podo berjuang gawe cinta. Lek jarene d'bagindaz cinta iku ce i en te a, sampean kabeh yo kudu iso mendefinisikan cinta menurut umak kabeh lur. Kadang cinta jaman saiki podo kode kode an. Lek sing lanang ngode kodew e peka , lek sing kodew ngode lanang e peka , hahaha iku ekspetasine umak umak kabeh. Realitane gurung karuhan iso ujub e umak umak iki podo peka nang umak. Gausah bingung , gausah goyang , digawe woles ae , ojok wedi , sabar oo kabeh onok dalan e.
Terus gae umak umak sing pengen berjuang gae cinta , ayas ngekek i saran gae umak umak hebak
Gausahh wedi karo sopo ae , selama umak gelem berjuang gawe de e lakonono terus beh. Tapi , iki onok tapi ne, lek misal e umak wes suoroh berjuang tapi sing diperjuangno njegidek ae koyok tempe kacang yo ngalih oo tinggalno. Percuma umak berjuang lek ujubmu ngadek jegrek koyok uhat talub ae. Kadang ngono onok arek sing cintane gatau iso lancar , tapi de e terus berjuang. Lha arek koyok ngene iki justru sing kudune diuber uber kodew kodew ngalam khusus e ndek jaman saiki. Angel golek nganal koyok ngono , kadit nganal hebak koyok ngono. Tak tambahi pesenku gae umak umak hebak, cinta iku diungkapno ojok dipendem tok ae , lek umak pendem ae lha iku cinta opo  tanduran? Kok umak pendem ae ? Makane mulai saiki umak umak kabeh kudu wani ngungkapno perasaan e umak nang wong sing umak senengi. Ojok tek e wong , di lukup dadi kulup umak engkok. Suwun gae kabeh , iki mek gawe sarana berbagi ae. Wassalamu'alaikum
LDR

Lek ngomong masalah LDR koyok e umak kabeh wes podo ngerti artine. Menurutku iku LDR ngelakokno hubungan cinta mek e dipisah jarak mbek waktu. Tapi kabeh iku gak ndandangi awakewed gawe ngungkapno cinta. Masio LDR sing nganal  ndek kutub utara sing kodew ndek kutub selatan lek jenenge podo sayang e podo cinta e pasti iso jogo roso. Gawe kumak kabeh sing duwe hubungan LDR gausah khawatir, gausah wedi lek jeneng e podo seneng e podo wedi kelangan e pasti yo nyanyi kelangan e via vallen. Hahaha , lek wedi kelangan e iku kudu njogo roso ne mbuh masio di gudo arek sak kampus sak kampung sak kelurahan lek sayang nang ujub yo bertahan masio di gudo model opo ae. Gawe umak sing LDR an tapi jarang chat chat an , sempetno waktu chatting de e , masio ngono kangen iku yo butuh obat beh. Ojok mung dipendem ae kangenmu , timbang kepentut ayahab hebak. Ngobati kangen akeh contoh e , koyok vc an ta live bareng kan saiki yo akeh aplikasi sing ngono ngono iku. Jeneng e menungso pasti duwe roso kangen , wong sing cedek sak kota misal e kadang yo sek kangen opo maneh sing LDR an luar kota, luar  pulau, luar negeri, tapi sing pasti kadit luar planet ayahab lek iki. Cukup njogo roso ne umak gae ujubmu , mben lek wes onok modal ndang diparani ngejak wong tuwo ndang ditakono ndang digowo dadi bojo. Lhoya kan kipa a lek ngono , gawe umak umak sing jomblo gausah goyang , ayas yo jomblo tapi kadit goyang kok. Gawe sing jomblo ojok nyerah nguber cinta , ibarat e dulinan engklek wes kate sampek moro kenek angin terus umak ngleyang ngalor ngidul gausah gupuh sing tenang, kudu kuat dilakoni opo ae resikone. Tapi sing luwih penting asline 1 , wong tuwo mu senengno sek sakdurunge nyenengno anak e wong. Iki gawe umak kabeh mboh sing duwe ujub mboh sing jomblo podo ae. Lek umak wes nyenengno wong tuwo , monggo ate nyenengno anak e wong masio ate mbok pek yo monggo.
Kangen iku koyok kipas angin sing noleh nganan noleh ngiri , kadang mari ilang angine moro teko maneh angin e. Kangen iku yo ngono moro teko roso kangen e , moro ilang ewed. Sekian tekan aku , wassalamu'alaiku