LDR
Lek ngomong masalah LDR koyok e umak kabeh wes podo ngerti artine. Menurutku iku LDR ngelakokno hubungan cinta mek e dipisah jarak mbek waktu. Tapi kabeh iku gak ndandangi awakewed gawe ngungkapno cinta. Masio LDR sing nganal ndek kutub utara sing kodew ndek kutub selatan lek jenenge podo sayang e podo cinta e pasti iso jogo roso. Gawe kumak kabeh sing duwe hubungan LDR gausah khawatir, gausah wedi lek jeneng e podo seneng e podo wedi kelangan e pasti yo nyanyi kelangan e via vallen. Hahaha , lek wedi kelangan e iku kudu njogo roso ne mbuh masio di gudo arek sak kampus sak kampung sak kelurahan lek sayang nang ujub yo bertahan masio di gudo model opo ae. Gawe umak sing LDR an tapi jarang chat chat an , sempetno waktu chatting de e , masio ngono kangen iku yo butuh obat beh. Ojok mung dipendem ae kangenmu , timbang kepentut ayahab hebak. Ngobati kangen akeh contoh e , koyok vc an ta live bareng kan saiki yo akeh aplikasi sing ngono ngono iku. Jeneng e menungso pasti duwe roso kangen , wong sing cedek sak kota misal e kadang yo sek kangen opo maneh sing LDR an luar kota, luar pulau, luar negeri, tapi sing pasti kadit luar planet ayahab lek iki. Cukup njogo roso ne umak gae ujubmu , mben lek wes onok modal ndang diparani ngejak wong tuwo ndang ditakono ndang digowo dadi bojo. Lhoya kan kipa a lek ngono , gawe umak umak sing jomblo gausah goyang , ayas yo jomblo tapi kadit goyang kok. Gawe sing jomblo ojok nyerah nguber cinta , ibarat e dulinan engklek wes kate sampek moro kenek angin terus umak ngleyang ngalor ngidul gausah gupuh sing tenang, kudu kuat dilakoni opo ae resikone. Tapi sing luwih penting asline 1 , wong tuwo mu senengno sek sakdurunge nyenengno anak e wong. Iki gawe umak kabeh mboh sing duwe ujub mboh sing jomblo podo ae. Lek umak wes nyenengno wong tuwo , monggo ate nyenengno anak e wong masio ate mbok pek yo monggo.
Kangen iku koyok kipas angin sing noleh nganan noleh ngiri , kadang mari ilang angine moro teko maneh angin e. Kangen iku yo ngono moro teko roso kangen e , moro ilang ewed. Sekian tekan aku , wassalamu'alaiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar